Wednesday, July 30, 2008

Mustika Retno Dumilah - kawedhar dening Ki Agus Purwadi

Lampahan :

MUSTIKA RETNO DUMILAH

musTikretN fumilh

(Paramayoga)

  1. Jejer kahyangan Jonggrengsaloka inggih Junggirikaelasa. Bathara Manik Maya inggih Hywang Guru lenggah siniwaka wonten dhampar Marcukundamanik, nampi rawuhipun jawata Sidik Pangudal-udal Bathara Narada 1) ugi para putra atawisipun Bathara Indra dalah Bathara Brama kepareng ngabyantara caket lenggahipun kanjeng Rama.

Bathara Guru sanget suka penggalihipun amargi sampun kasembadan anggenipun damel kawah Candradimuka tuwin Wot Ogal-Agil, Kori Selamatangkep punapa dene kaendahan taman kaswargan. Raos suka kala wau kedadak sirna amargi kawontenan kahyangan hawanipun benter, sareng dipun titipriksa jebul kawah Candradimuka umop. Gara-gara bentering Kahyangan kadadosan saking pokalipun satriya ingkang tapa wonten nginggil samodra, namipun Bambang Kanekaputra.

Bambang Kanekaputra 2) punika kalebet wayahipun Bathara Naradha putra saking Resi Darmaja, wondene anggenipun tapa ngasta mustika nama Retna Dumilah, mila mboten saget kerem. Keparengipun Bathara Guru, Bambang Kanekaputra badhe dipun sirnaaken, naming Bathara Narada mboten sarujuk, sanaosa wonten pepalangipun, Bathara Guru tetep badhe merjaya Bambang Kanekaputra, wusananipun para dewa kadhawuhan ngranjab gaman supados Babang Kanekaputra pejah. Pasewakan paripurna, para putra sami siyaga ngayuda, Bathara Guru kundur dhateng kawidodaren Tinjamaya.

  1. Ing kahyangan Tinjomaya, Bathari Uma kepareng methuk kunduripun ingkang garwa lajeng kekalihipun manjing sasana bujana kembul dhahar andrawina jambu dipanirmala.
  2. Mandeg ing Repatkepanasan, Bathara Indra dalah para kadang dewa sami-sami tata-tata sawega bidhal dhateng Gisiking samodra. Sasampunipun pirantos mboten wonten ingkang nguciwani, para dewa nunten bidhal.
  3. Mandeg telenging samodra, Bambang Kanekaputra nembenembe nglampahi tapa kumambang wonten nginggiling toya, wondene astanipun nggegem mustika Retna Dumilah. Mboten watawis dangu katungka rawuhipun Bathara Narada ingkang lajeng paring cecala bilih anggenipun tapa badhe nampi pacoban, naming Bambang Kanekaputrakadhawuhan teguh mboten kengguh dhateng baya pakewuh.

Sasampuipun paring wejangan kathah-kathah dumateng wayahipun, Bathara Narada lajeng jengkar badhe memanuki wayahipun saking katebihan. Sapengkeripun Bathara Narada, para dewa sami dhateng lajeng mrawasa Bambang Kanekaputra. Sinaosa kathah para dewa ingkang mrawasa, bambang kanekoputra mboten ajrihmalah kepara saget mupuh yudanipun para dewa.

Midhanget bilih Para dewa sami kasoran, Bathara Guru kapeksa sabyantu satemah dados perang catur utawi bantahan kalian Bambang Kanekaputra. Bethara Guru kawon bantahanipun lajeng bandayuda saengga dangu mboten wonten ingkang menang , mboten wonten ingkang kawon. Nyumurupi wayahipun tandhing yuda kalian Bathara Guru, Bathara Narada tumiyup saking nggegana lajeng misah ingkang sami pancakara. Ketang tresnanipun dhumateng wayah, Bambang Kanekaputra dipun ripih sampun ngantos mopo kepingin dados dewa, naming ingkang dipun ripih puguh, mila bethara Narada lajeng ngalah. Bambang Kanekaputra dipun presandha menawi kiat nedha who pelem Pratanggajiwa, ing ngriku saget dados Dewa.

Kocap, Bambang kanekaputra ugi lajeng ngraosaken pelem Pratanggajiwa, saking kecut sanget ngantos mboten kraos mripatipun kiyer-kiyer saha padharanipun mblendhuk. Sanaosa makaten, pelem pratanggajiwa saget katedha ngantos telas, mila Bathara Guru nampi Bambang Kanekaputra dados dewa saha dipun aken kadang sepuh. Bingah manahipun Bathara Narada lajeng nunggil sajiwa manjing angganipun Bamabang Kanekaputra inking sampun salin wujud mboten bagus kala wau. Bambang Kanekaputra inggih lajeng wewisik Bathara Narada 3).

Bathara Guru taksih kepranan dhumateng mustika Retna Dumilah ingkang kaasta dening Bethara Narada utawi Bambang Kanekaptra punika, naming nalikanipun badhe kapundhut, mustika malah dipun bucal satemah ambles dhateng salebeting bumi. Para dewa sanesipun ugi sami kepranan lajeng bidal ngupadosi icaling mustika retnadumilah.

  1. Jejer kahyangan Soyoruri, Hywang Ismaya dipun adhep Bathara Kamajaya rembagan prakawis wontenipun titah nami Bambang Kanekaputra ingkang tapa ngambang nyuwun dados dewa. Bathara Ismaya lajeng ngendika dhumateng ingkang putra bilih titah ingkang tapa ngambang punika wayah hywang Narada lan wekdal samangke sampun winisudha dados kamituwangganing dewa. Bathara Kamajaya kadhawuhan mangayubagya dhateng kahyangan Jonggrengsaloka, lajeng bidhal.

Lampahipun Bathara Kamajaya pinanggih raseksa saking Wisabawana, sulayaning rembag dados perang sekar. Para denawa sami kapracondhang, Bathara Kamajaya Nglajengaken lampah.

  1. Madeg Kahyangan Saptapertala. Hyang Antaboga nampi rawuhipun para kadang dewaning bumi lajeng sami rembagan tata tentreming bumi. Namung lajeng katungka dhawahing Mustika Retna Dumilah ndadosaken ngungune para dewaning bumi. Bathara Antaboga ingkang kapranan dhateng wujudipun mustika nunten mudndhut Mustika Retna Dumilah kala wau saha lajeng kauntal.

Katungka rawuhipun Bathara Wisnu lan para dewa sanesipun ingkang sami kepingin nggadhahi mustika. Bathara Wisnu pitaken kaliyan Bathara Antaboga naming dipun wangsuli menawi kahyangan Saptapertala mboten wonten Mustika, sulayaning rembag dados perang. Bathara Wisnu sakadang kasoran lajeng sami ngoncati palagan, wondene Bathara Antaboga inggih lajeng bidal Kaywangan Jonggrengsaloka.

  1. Jejer Kahywangan Jonggrensaloka. Bathara Guru dipun adep Bathara Narada saha nampi sowanipun Bathara Kamajaya ingkang matur kautus Bathara Ismaya perlu mangayubagya jumenengipun Bambang Kanekaputra anggenipun dados dewa.

Boten wetawis dangu katungka sowanipun Bethara Antaboga ingkang masrahaken Mustika Retna Dumilah. Bathara Guru suka manahipun lajeng paring lintu wujud Bungul Kencana, dhumateng Bathara Antaboga. Nyarengi lungtinampan bungul Kencana, Bathara Wisnu sakadang sami sowan nyuwun Mustika retna Dumilah.

Bathara Guru lajeng duka amargi mustika naming setunggal badhe dipun alap dewa ingkang mboten sakedhik, pramila Mustika Retna Dumilah dipun banting satemah sumyur dados sesotya lajeng kangge rerenggan bale Paparyawarna. Wondene Mustikanipun kapuja dados Widodari tiga inggih punika Bathari Widawati 4) Bathari Sri 5) dalah Bathari Rumingrat utawi bethari Lokati 6) Para widodari lajeng manjing karang Kawidodaren, pasewakan kabibaraken.

4) Mbenjang dados underaning trak Maespati

5) Mbenjang nurunaken Trah Ngastina

6) Mbenjang dados underaning trah Lokapala

  1. Madeg ing kahyangan Tinjamaya. Bathari Uma Umaran nampi rawuhipun ingkang garwa hywang Guru lajeng sami karonsih nganglang Jagad sekaliyan mirsani endahing samodra.

Kocap nalika hywang Guru mirsani endahing samodra ingkang kasorot cahya candikala, kadadak kasmaran nedya nandukaken saresmi wonten telenging samodra, naming kemawon bethari Uma nduwa kersane ingkang raka amargi nedheng wonten ourug. Ubaling asmara temah kamanipun Hyang Guru dhawah ing lumahing samodra. Ponang kama Mblabar pecah dados kalih 7) ngantos nuwuhaken gara-gara salebeting seganten wonten unthuk ingkang mahanani hawa benter ngantos ulam seganten sami kapidhara.

Bathara Guru duk dhumateng bathari Uma mila lajeng njambak rikmanipun ingkang garwa. Bethari Uma pijer ngendani ngantos Hywang Guru muntap dukanipun lajeng tuwuh asta kalih malih saenga astanipun Hyang Guru dados sekawan. Ewasemanten Bathari Uma Puguh mboten purun ngladosi asmaraniun ingkang garwa, Bathara Guru nunten bramantya, astanipun Bathari Uma dipun Plintir, pasuryanipun dipun tapuk cenela ngantos salin slaga dados wujud raseksi ingkang nggegilani.

Sasampunipun mirsani pasuryanipun Bathari Uma ingkang dados awon punika, Bethara Guru nembe Nglenggana ing reh kalepatanipun, mupus dumadosing pepesthen Bathari Uma lajeng dipun pegat saha kasantun asma Bathari Durga, pinaringan papan wonten ing madyaning wana Krendhawahana inggih wana Pasetran Gandamayit. Bathara Guru dalah Bathari Durga lajeng Kundur sewang-sewangan.

---------Tancep Kayon----------

Pratelan :

7) Pecahing kama, ingkang setunggal dados gatra titah ing benjang dados Bethara Kala, ingkang setunggal malih dipun sarap dening Dewi Anjani ingkang mbenjang lajeng nurunaken Anoman.

dipun kirim : agus purwadi - jkt